NGGANCARAKE TEKS TEMBANG MACAPAT-kelas 6 sem 1

 


NGGANCARAKE TEKS TEMBANG MACAPAT

Nggancarake tegese ngubah bahasane tembang dadi sing luwih jelas tanpa ngubah maknane lan wujude tembang digawe dadi paragraf. 

A. Carane nggancarake tembang macapat.

    1. Nggoleki tegese tembung-tembung sing angel ing kamus.

    2. Yen wes ketemu tegese, gathukna karo tembung-tembung sing ana ing                     tembang.


Tuladha:

Tembang Pangkur                                         

Mingkar mingkur angkara        tegese ngedhalekake hawa nafsu

Akarana karenan mardisiwi    tegese amarga pengen nggulawentah anak

Sinawung resmining kidung    tegese dirakit ing tembang kang endah

Sinuba sinukarta                     tegese kang dihias nganggo irama kang endah

Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung tegese supaya dadi perbuatan kang luhur

Kang tumrap woh tanah Jawa tegese kanggone wong ing tanah Jawa

Agama ageming aji                 tegese agama iku sing utama


Nah, bocah-bocah...supaya luwih paham babagan Tembang Pangkur, ayo di pirsani video ing ngisor iki.

Monggo di klik link niki:

Tembang Pangkur



b. Carane ngganepi cakepane tembang pangkur. ( carane melengkapi kalimat tembang pangkur)


1. tegese/maknane tembung kang dipilih kudu nyambung karo isine ukara.

2. tembung kang dipilih kudu manut pathokan guru wilangan lan guru lagu.


Tuladha: Ayo nggenepi tembang pangkur ing ngisor iki!


Sagung pra waruh ..... ? (8a)  digenepi tembung sedaya

Mugi pinayungan nugraha .... ? (11i ) digenepi tembung wekti

Asih resna Allah.... (8 u) digenepi tembung satuhu

Tansaha kesarina  ( 7a) 

Puja puji syukur saha sembah ... ? ( 12 u) digenepi tembung sujud

konjuk ing ngarsa paduka, 

Gusti Allah maha ....? (8i) digenepi tembung suci


Sakmene dhisik yo pelajaran basa Jawa dino iki

mugo-mugo iso dimangerteni lan iso dadi ilmu kang barokah...






Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BHS.JAWA - KELAS 6 WULANGAN 1- BUKU TANTRI BASA