WULANGAN 3; PARIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA (bagian 1)

 



PARIBASAN, BEBASAN, LAN SALOKA 

1. Unen-unen (ungkapan) yaiku tetembungan kanthi teges            kang mligi (khusus).

2. Unen-unen wujude ana 3 yaiku:
    a. Paribasan
    b. Bebasan
    c. Saloka

3. Titikane (ciri-cirine) unen-unen paribasan, bebasan, lan            saloka:
    a. susunane tembung wes gumathok (tetep/ora owah).

    b. ana sing nduweni teges entar (kiasan) lan ana sing                 nduweni teges wantah (asli).

    c. wujude ukara utawa kumpulane tembung (frase).

    d.kalebu basa pinathok (bagian) sajrone kasusastran Jawa          (sastra Jawa).

    e. surasane paribasan (isine paribasan) :
        - gumathok (tetep),
        - nyambung karo isine ukara,
        - arupa kumpulaning tembung : 
                    tetandhingan (perbandingan),
                    pepindhan (perumpamaan)
                    pepiridan (samaran)

Tegese Paribasan, Bebasan, lan Saloka:

1. Paribasan yaiku unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone lan nduweni teges wantah.

Tuladha:
a. Asu rebutan balung tanpa sunsum = padudon sing disebabake barang sepele.
b. Kenes ora ethes = wong wadon sing sugih omong/ umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.


2. Bebasan yaiku unen-unen sing ajeg panganggone lan nduweni teges entar kang ngemu surasa ngambarake tindak-tanduke manungsa.

Tuladha:
a. Kerot ora nduwe untu = darbe panjangka nanging ora nduwe sarana (banyak keinginan tapi tidak punya sarana)
b. Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ing panggonan kang wus tentrem.


3. Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone kang ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kuwi uwonge.

Tuladha:
a. Kebo kabotan sungu = wong kang rekasa uripe amarga kabotan butuh, kakehan anak.
c. Tengu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.


Sinaune basa Jawa dina iki sakmene dhisik.. 
Mugo-mugo dadhi ilmu kang barokah...



Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BHS.JAWA - KELAS 6 WULANGAN 1- BUKU TANTRI BASA